Sabtu, 16 Juni 2012

Nampi Salira lan Rah Dalem Gusti Yesus ingkang Kapisan


Mugi tresna asih Gusti Yesus tansah lumuntur dumateng kita sedaya.
Mbok menawi sampun dangu anggen kawula mboten nulis acara-acara ingkang dipun wontenaken ing Gereja Katolik Santo Andreas Ampel. Mboten kok kawula males anggenipun nulis, nanging amargi kesibukan ingkang mboten saged dipun tinggal, pramila mboten wonten wekdal kagem nulis ing blogspot punika.


Maturnuwun dumateng Gusti awit amargi padamelanipun Gusti piyambak, ing Gereja Katolik Santo Andreas Ampel saged ngawontenaken upacara Panampinipun Salira lan Rah Dalem Gusti Yesus ingkang Kapisan. Upacara punika dipun wontenaken ing dinten Minggu surya kaping 10 Juni 2012 sareng kaliyan Mis Suci ing Gereja Katolik Santo Andreas ingkang dipun wiwiti jam 09.00 WIB.
Nampi Salira lan Rah Dalem pranyata wekdal ingkang sampun dipun tengga dening putra-putra panampinipun. Kagem contonipun anak kula piyambak, sampun dangu anggenipun taken kaliyan Bapakipun, “Kapan aku menerima Komuni ya Pah?” lan kanti sabar, Bapakipun ugi maringi pangerten bilih nampi Salira lan Rah Dalem punika perlu persiapan ingkang dangu. Kedah wonten pelajaranipun, kedah siap lahir punapa batin, lan sasampunipun nampi Salira lan Rah Dalem Gusti ugi gadah tanggel jawab supados tansah sae anggenipun gesang wonten ing ngalam donya.
Acara punika dipun dereki dening 10 lare, wiwit kelas 3 SD ngantos lare kelas 8 utawi kelas 2 SMP. Wondene lare-lare punika dipun siapaken kanti sae dening para pembimbing ingkang sampun mumpuni wonten bidangipun, inggih punika Bapak Y. Sugino kaliyan bapak FR. Prayitno.
Paroki Boyolali ingkang dados penyelenggara utama acara punika ugi paring hadiah dumateng lare-lare, arupi Puji Syukur, Salin, gantungan kunci ugi arupi Rosario.
Panampinipun Salira lan Rah Dalem Gusti Yesus dipun wiwiti kanti arak-arakan lare, sareng kaliyan lektor, prodiakon lan Romo. Sasampunipun dumugi ing Gereja, dipun lajengaken atur pasrah dening tiyang sepuhipun lare dumateng Romo, ingkang isinipun, ngaturaken bilih lare-lare punika sampun siap nampi Salira lan Rah Dalem Gusti Yesus ingkang kapisan. Lajeng Mis Suci dipun wiwiti.
Ing Upacara Panampi Salira lan Rah Dalem salajengipun dipun wontenaken pembaharuan janji Baptis ingkang ugi dipun dereki sedaya umat.
Lajeng para lare panampi atur pasrah dumateng Ibu Maria ingkang dipun pimpin dening anak kula piyambak, Elisabeth Nathania Audrey Mintarso.
Sasampunipun sedaya lumampah, lajeng para lare nampi Salira lan Rah Dalem Gusti Yesus ingkang kapisan kaampingi dening para Bapak lan Ibunipun.
Mekaten acara Panampi Salira lan Rah Dalem Gusti Yesus ingkang Kapisan sampun kaleksanan kanti sae. Maturnuwun dumateng sedaya petugas, Paduan Suara saking Seboto lan sedaya umat ingkang sampun paring pambiyantu arupi punapa kemawon, mugi Gusti tansah paring Berkahipun dumateng kita sedaya. Foto ingkang langkung pepak, saged dipun bikak ing mriki.

Berkah Dalem.